KANCIL LAN
SIPUT LOMBA MLAYU
Dina iki
kancil ketemu karo siput ning pinggir kali. Weruh siput mlakune alon, kancil
karo pamer lan keminter ngomong.
Kancil :
“He siput, wani opo ora awakmu lomba mlayu karo aku?”
Siput :
“Iyo, tak tampa tantanganmu lan aja isin nek ngesuk awakmu dewe sing kalah.”
Kancil :
“Ora isa, mosok mlayu sak dunya gelem
dikalahke karo awakmu, siput, kewan mrangkak nomer siji ning dunya. Yo wis ayo
cepet dhewe tentukke mlayune!””
Siput : “Piye
nek dina minggu ngesuk, ben akeh sing nonton.”
Kancil :
“Iyo, aku gelem”
Karo
ngenteni dina sing wis direncanaake kui, siput ngatur taktik. Dheweke
cepet-cepet ngumpulke rombongan siput sak akeh-akehe. Ning kumpulan kui, siput
gawe semangat kanca-kancane lan karo greget dheweke pengen ngisin-ngisinke
kancil ning ngarep wong akeh. Ning rembugan kui, disepakati nganggo suara wis
mesti nek ning lomba sesuk saben siput ditugaske ngadek ning suketan pinggir
kali. Banjur diatur panggonane dhewe dhewe.
Nek kancil ngundang mengko siput sing ning ngarepe kui sing jawab lan
koyo ngono seteruse.
Saiki wis
tekan wektu sing dienteni kui. Penonton ning kono kebek meni. Penonton teka
seka kabeh penjuru alas.
Kancil lan
siput wis siap ning garis start. Pemimpin lomba ngangkat gendera, tanda lomba
wis mulai. Kancil mlayu cepet meni. Kabeh tenaga ditokke. Keplokkan penonton
tambah rame, ngei semangat marang kancil. Sakwise mlayu pirang-pirang
kilometer, kancil mandek. Karo ambekan ngos-ngosan dheweke ngundang.
Kancil : “Siput !”
Siput : “Yo, aku ning kene.”
Siput : “Yo, aku ning kene.”
Amarga siput wis ning ngarepe kancil, kancil langsung
mlayu cepet meni nganti ora ana meneh tenaga sing ana. Bar kui dheweke
ngundang.
Kancil : “Siput !”
Siput : “Yo, aku ning kene.”
Siput : “Yo, aku ning kene.”
Wis ping akeh mesti ngono. Lan entheke kancil bingung
lan ora isa mlayu meneh. Sang kancil pasrah lan ngakoni kekalahane. Penonton
kebingungan.
Siput nyambut kemenangane kui karo pringisan toe. Ora
melompat kesenengen kaya dene pemenang lomba biasane.
TAMAT
Komentar
Posting Komentar