Langsung ke konten utama

Tradhisi Sedekah Laut



Upacara tradhisi sedhekah laut dianakake minangka salah sijine pambudi kanggo ngumpulake nilai-nilai luhur kabudayan Jawa kang wis kawentar edi peni. Sedhekah laut dianakake dening masyarakat ing pesisir, mligine para tani lan nelayan. Sesaji mau minangka wujud rasa syukur marang gusti Kang Akarya Jagad dene para petani lan nelayan wis diparingi rejeki kang wis ditampa saka laut, mligine iwa. Tujuane supaya tansah pinaringan keslametan, ayem, tentrem, lan bisa kasembadan apa wae kang disedya.
            Ing sadhengah panggonan, tata cara sedhekah laut meh padha. Umpama ing laut Jawa lor meh pada karo laut jawa Kidul. Ing laut kidul, sedhekah laut dipunjungake marang Nyi Rara Kidul, wujude kain poleng, kain Teluk Watu, selembar semekan dringin, semekan songer, kain ngisep sari, kain pandhan binethot, kain bangun tolak, kain mori telung lembar, ageman gadhung mlathi. Ing tlatah laut Jawa Lor, adat saben nganggo endhas kebo ditambah ubarampe liyane, kanggo slametan lan dilarung ing laut utawa segara.
            Adicara adat ritual iki biyasane dianakake warga sakampung, sadesa dhong-dhong malah luwih, nganakake slametan bebarengan. Kabeh iku duweni pangajab supaya ditambahi kaslametan bebarengan. Kabeh iku duweni pangajab supaya ditambahi keslametan, oleh berkah saka Gusti. Umpamane wae yen nggolek iwak menyang segara oleh iwak akeh, praune ora kena ombak, nelayane padha slamet didohke godha, alangan saka segara. Kabeh iku mau wis dadi adat lan tradisi wong pantai utawa gisik umume.
            Adicara ritual kaya ing duwur, sumebar saindhening nuswantara, mligine ing tanah Jawa. Ing Semarang umpamane, wong-wong padha buwak sesaji ing laut mligine ing Tanjung Mas, Pantai Marina, lan panggonan liyane. Ing Demak, penere ing Desa Moro, Kecamatan Wedung, Demak uga ana adicara kaya ing dhuwur kang diarani Labuhan. Ing Ngayogyakarta dipusatake ing pesisir Parang tritis lan isih akeh liyane.
            Sawise kabeh adicara ritual mau dilakoni, puncaking acara kanthi nanggap wayang kulit, wayang wong, kethoprak, lsp. Dene naliko nanggap wayang kulit, njupuk lakon Semar Mbangun Khayangan, babat Alas Wanamarta, Rama Tambak, Sesaji Jaka Surya, Semar Mbangun Negara, lsp.

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cara Membuat Boneka danbo

Bahan dan Alat Kertas (kertas untuk menjillid/karton tebal 2 lembar ukuran A4/kertas krep) Penggaris Gunting Silet karter Lem Kertas Rancangan / Model Danbo Papercraft Langkah-Langkah Membuat (Merakit/Merangkai) Boneka Danbo Potong gambar 16 dan rekatkan dengan lem bagian warna putihnya. Ini adalah bagian lengan. Potong gambar 3 dan lem di bagian atas lengan yang dibuat di langkah 1. Potong gambar 6, lipat geriginya, rekatkan ujung putih ke ujung satunya dengan lem, sehingga melingkar seperti cincin. Beri lem di kedua bagian gerigi dan tempelkan potongan gambar 7 di tiap sisinya sehingga seperti silinder. Sambungkan bagian yang dibuat dari langkah 3 dan langkah 2, sehingga membentuk lengan yang bisa digerakkan (lihat gambar). Potong gambar 8 dan lubangi 3 bagian yang berwarna putih. lalu potong gambar 10. Di gambar 10 ada garis silang di dalam lingkaran, potong garis itu dengan silet kurter, kemudian pasang kedalam lubang besar di gambar 8. Lalu lipat keatas...

Lirik Lagu Que Sera Sera

Que Sera Sera Lyrics When I was just a little boy I asked my mother, "What will I be? Will I be handsome, will I be rich?" Here's what she said to me "Que Sera, Sera Whatever will be, will be The future's not ours to see Que Sera, Sera What will be, will be" When I grew up, I fell in love I asked my sweetheart, "What lies ahead? Will we have rainbows, day after day?" Here's what my sweetheart said "Que Sera, Sera Whatever will be, will be The future's not ours, to see Que Sera, Sera What will be, will be" Now I have children of my own They ask their father, "What will I be Will I be handsome, will I be rich?" I tell them tenderly "Que Sera, Sera Whatever will be, will be The future's not ours, to see Que Sera, Sera What will be, will be"