Langsung ke konten utama

Pidato Bahasa Jawa



                                                      Assalamualaikum Wr. Wb
            Katur panjenenganipun Bapak Kepala sekolah ingkang kulo hormati, bapak saha ibu guru ingkang kulo hormati, lan rencang rencang ingkang kulo tresnani.
            Naming sakderengipun kulo ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, panjenengan sedaya sampun purun rawuh ing acara sosialisasi kesehatan niki.
            Salajengipun langkung rumiyen sumonggo tansah ngunjuaken puji syukur wonten ngarsaning gusti ingkang maha Agung. Alhamdulillah dinten punika panjenengan dalah kulo saged kempal wonten ing acara niki kanthi keslametan, kasugengan, saha kawilujengan. Amiin.
            Kepareng kulo matur sakuntawis, ngaturaken babagan narkoba. Kita mangertosi wekdal meniko narkoba saben dinten dados berita tumantar, TV, napa dene media masa utawi koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan tumraping negeri langkung langkung agami. Awit sasintena ingkang ngonsumsi narkoba, iku badhe nalisir saking kasusilan.
            Sanget kemawon tumindak ingkang ngrungkakaken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang mlebet penjara gara gara narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipn lan gampil tumindah anarkis, kadosipun mejahi tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanesipun. Narkoba jasmani saha rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngonsumsi, mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila kanthi mekaten, manga sareng-sareng kita tebihi narkoba. Kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung kesengsaraan.
            Langkung-langkung dumateng generasi muda, minangka kusumaning mangga kita berjuang kanthi sekuat tenaga nebihi saha merangi narkoba. Ampun ngatos kita gampil kepikut barang ingkang haram menika, ingkang badhe mbeto kita dating tumindak ingkang nalisir saking kautamen, saha kasusilaan, ingkang tundhohipun dawah dumateng jurang kesengsaraan.
            Kulo kinten naming mekaten ingkang saget kula aturaken, mugi-mugi saget ndadosaken pepenget tumrap kita sedaya lan amboh bilihaken kula matur kathah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih. Panatuping atur, wabilahi taufiq wal hidayah.
Wasalamualaikum wr. wb

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tradhisi Sedekah Laut

Upacara tradhisi sedhekah laut dianakake minangka salah sijine pambudi kanggo ngumpulake nilai-nilai luhur kabudayan Jawa kang wis kawentar edi peni. Sedhekah laut dianakake dening masyarakat ing pesisir, mligine para tani lan nelayan. Sesaji mau minangka wujud rasa syukur marang gusti Kang Akarya Jagad dene para petani lan nelayan wis diparingi rejeki kang wis ditampa saka laut, mligine iwa. Tujuane supaya tansah pinaringan keslametan, ayem, tentrem, lan bisa kasembadan apa wae kang disedya.             Ing sadhengah panggonan, tata cara sedhekah laut meh padha. Umpama ing laut Jawa lor meh pada karo laut jawa Kidul. Ing laut kidul, sedhekah laut dipunjungake marang Nyi Rara Kidul, wujude kain poleng, kain Teluk Watu, selembar semekan dringin, semekan songer, kain ngisep sari, kain pandhan binethot, kain bangun tolak, kain mori telung lembar, ageman gadhung mlathi. Ing tlatah laut Jawa Lor, adat saben nganggo endhas kebo dit...

Cara Membuat Boneka danbo

Bahan dan Alat Kertas (kertas untuk menjillid/karton tebal 2 lembar ukuran A4/kertas krep) Penggaris Gunting Silet karter Lem Kertas Rancangan / Model Danbo Papercraft Langkah-Langkah Membuat (Merakit/Merangkai) Boneka Danbo Potong gambar 16 dan rekatkan dengan lem bagian warna putihnya. Ini adalah bagian lengan. Potong gambar 3 dan lem di bagian atas lengan yang dibuat di langkah 1. Potong gambar 6, lipat geriginya, rekatkan ujung putih ke ujung satunya dengan lem, sehingga melingkar seperti cincin. Beri lem di kedua bagian gerigi dan tempelkan potongan gambar 7 di tiap sisinya sehingga seperti silinder. Sambungkan bagian yang dibuat dari langkah 3 dan langkah 2, sehingga membentuk lengan yang bisa digerakkan (lihat gambar). Potong gambar 8 dan lubangi 3 bagian yang berwarna putih. lalu potong gambar 10. Di gambar 10 ada garis silang di dalam lingkaran, potong garis itu dengan silet kurter, kemudian pasang kedalam lubang besar di gambar 8. Lalu lipat keatas...

Lirik Lagu Que Sera Sera

Que Sera Sera Lyrics When I was just a little boy I asked my mother, "What will I be? Will I be handsome, will I be rich?" Here's what she said to me "Que Sera, Sera Whatever will be, will be The future's not ours to see Que Sera, Sera What will be, will be" When I grew up, I fell in love I asked my sweetheart, "What lies ahead? Will we have rainbows, day after day?" Here's what my sweetheart said "Que Sera, Sera Whatever will be, will be The future's not ours, to see Que Sera, Sera What will be, will be" Now I have children of my own They ask their father, "What will I be Will I be handsome, will I be rich?" I tell them tenderly "Que Sera, Sera Whatever will be, will be The future's not ours, to see Que Sera, Sera What will be, will be"