Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum
diselenggarakake malah uga ana ning dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku perangan penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi
isih ning njero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing).
Ing Jawa ana
kapercayaan sedulur papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si
bayi mulane ari-ari kudu dirawat lan dijaga umpamane enggon kanggo mendhem
ari-ari iku diwenehi lampu (umume senthir)
kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir
iki dinyalakake nganti 35 dina (selapan).
Tata cara
Ari-ari dikumbah nganti
resik dilebokake ning kendhi utawa
bathok kelapa. Sadurunge ari-ari dilebokake, alas kendhi diwenehi godhong
senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing
isih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa
ning papan penguburan. Papan penguburan kendhi kudu ning sisih tengen pintu
utama omah.
Sing mendhem kendhi kudhu
bapak kandung bayi.
Komentar
Posting Komentar