Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggarakake malah uga ana ning dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku perangan penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi isih ning njero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing ( mbingmbing ). Ing Jawa ana kapercayaan sedulur papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudu dirawat lan dijaga umpamane enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwenehi lampu (umume senthir ) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyalakake nganti 35 dina (selapan). Tata cara Ari-ari dikumbah nganti resik dilebokake ning kendhi utawa bathok kelapa. Sadurunge ari-ari dilebokake, alas kendhi diwenehi godhong senthe b...